Tokoh : - Mbak'e......pengasuh si Adek merangkap pengatur rumah tangga.
- Ibu..........Mamandut
Setting : di kamar sambil dipijitin kakinya sama si Mbak'e
Ibu (I) : Dadi kowe iku tau minggat ? Lungo ?
Mbak'e (M) : Nggih, nanging mboten terus minggat mboten wonten kabar ngaten.
Namung nekad mbidal teng Jakarta mawon.
I : Umur piro kowe pas iku ?
M : 14 tahun
I : Ha.......14 tahun ? Mergo opo kowe nekad ngono ?
M : Lha mosok Bu, kulo jenge dirabi kale tiyang sing mboten kulo kenal, tuwo malih
I : Piro umure ?
M : 30 tahun
I : Kuwi yo ora tuwo banget no Mbak'e.
M : Tapi kan lumayan Bu, jarak'e kale umur kulo. Bapak kulo niku sing nampi lamarane mboten
tanglet rumiyin kale kulo. Bapak ajrih bade nolak mergane niku putrane tiyang sugih tur terhormat
wonten dusun kulo. Pas niku kulo sampun nyambut damel wonten Yogya, nderek tiyang.
I : Trus kowe ora trimo ?
M : Lha nggih tho Bu. Pas kulo bali, kulo kaget Bapak sanjang kulo sampun dilamar kalean tiyang, jenge
dirabi. Kulo nggih nesu, lha sing mbade ngalokoni niku kan kulo, kok kulo mboten ditangleti rumiyin.
Kulo pengine Bapak murungke lamaran niku. Tapi Bapak mboten wantun.
I : Trus kowe langsung minggat ?
M : Mboten, kulo tekani tiyang niku kale keluargane, kulo balekaken barang-barang sing dipun tampi
keluarga kulo. Kulo sanjang kulo dereng pengin rabi kulo tasik alit.
I : Lho...lho...tersinggung no wonge kuwi ?
M : Kersane...kulo nggih diusir-usir ngaten. Benjenge, Bapake niku teko teh omah kulo kalean perangkat
deso, ngancam kulo kalean Bapak kulo.
I : Ngancam...lha opo urusane nggowo perangkat deso ?
M : Teruse perangkat deso, amargi kulo kalean Bapak kulo sampun ingkar janji, Bapak kulo kedah mbayar
4 yuto kale tiyang niku nopo kulo tetep rabi kale anake. Nek mboten jenge dilaporke polisi.
I : Malah dadi dowo urusane yo....
M : Bapak kulo nggih langsung ajrih ngaten....tapi kulo mboten. Kulo sanjang....pundi surat perjanjianne sing
nggangge meterai. Goblok-goblok ngaten kulo kan ngertos, perjanjian niku sah nek wonten serate,
wonten meterai, wonten saksi. Kulo sanjang mbok sampe dipateni kulo mboten purun mbayar.
Langsung lungo tiyang-tiyang niku wau.
I : Mesakne Bapakmu yo.
M : Nggih, tapi kulo sanjang kalean Bapak, pun ajrih, wong Bapak mboten salah, kulo sing ndamel masalah.
Terus kulo nekad pados pendamelan teng Jakarta, melu tanggi kulo.
I : Sampe saiki ora ono masalah maneh ?
M : Mboten sih Bu, tiyange niku pun rabi kale konco kulo trus rabi maleh kale tonggo deso. Untung nggih Bu
kulo mboten purun, coba kulo purun, nelongso kulo. Tapi mergo masalah niku kulo paling males bali Bu.
I : Lho kenopo...wong malah seneng mulih kampung.
M : Kulo sering diunek-uneke kale tiyang kampung. Wong atase kulo niku anake wong ora duwe mawon kok
mboten purun dilamar kale tiyang sugih. Lha kersane mawon, nopo mergo kulo mboten duwe trus kulo
mboten pareng maju, mboten pareng kadah pilihan. Kan mboten nggih Bu.
I : Yo bener kowe, ojo wedi nek awakmu dalane bener.